(dumadine desa baleraksa)
Desa Baleraksa yaiku salah sijine desa sing ana ing wilayah Kecamatan
Karangmoncol, Kabupaten Purbalingga. Jaman biyen ana cerita saka wong tuwa,
sing teka lan urip neng desa kuwi. Jenenge Syeh Maulana Pandansari, sing asale
saka negara lor. Syeh Maulana Pandansari nggawe gubug neng tengah alas
dhewekan. Gubug kuwi gendheng lan pagere saka suket. Sawise Syeh Maulana
Pandansari urip dhewekan neng alas, dumadakan kepethuk karo wong wadon ayu sing
jare asale padha karo dheweke. Wong loro padha senenge. Awit wong wadon ayu
kuwi teka neng alas, dadi ana wong loro sing manggon neng alas. Nanging isih
urip ing gubuge dhewe-dhewe.
Bareng wis suwe wong loro mau akhire padha sepakat urip bebarengan neng alas.
Puluhan taun wong loro kuwi urip neng alas karo anak-anake. Nembe sawise
anak-anake padha duwe bojo, ana wong anyar teka, mula alase kuwi dadi tambah
rame. Akhire dadi desa sing dijenengi desa Karanggedhe. Syeh Maulana Pandansari
kuwi wong sing sekti, ora bisa mati senadyan kena kapak utawa geni. Wektu kuwi
akhire Syeh Maulana Pandansari didadekake lurah. Bareng karo ramene Desa
Karanggedhe, wektu kuwi uga ana Desa saka Adipati Kertanegara. Adipati
Kertanegara mrentah marang Ki Guntur Karangringin. Sawise puluhan taun suwene,
akhire Desa Karanggedhe dadi amba. Syeh Maulana Pandansari wong sing sekti,
wektu kuwi ana woro-woro Geni supaya nyebarake woro-worone. Woro-woro kuwi kaya
mangkene unine, “Sapa bae sing bisa nyekel Kebo Edan, sing senenge ngamuk lan
ngrusak apa bae ing sekitare arep didadekake mantune. Dijodhokake karo anak
wadone sing ayu banget lan arep diangkat dadi Adipati Kertanegara nggantekake
pangkate adipati sing saiki.” Syeh Maulana Pandansari mrentah marang Ki Guntur
Geni maksude kanggo mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi kena mala petaka saka
amukane Kebo Edan. Syeh Maulana Pandansari ora duwe pikiran ndadikake abdine
dadi adipati ing Kertanegara. Kabeh wis dilakokake nanging wong-wong
Kertanegara ora ana sing bisa ngalahake Kebo Edan, malah Kebo Edan kuwi saya
ngamuk. Sawise diwenehi sangu lan wejangan, Ki Guntur Geni mangkat neng
Kertanegara arep mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi sengsara. Ki Guntur
Geni mangkat neng Kertanegara karo abdine, supaya yen ana apa-apa ing dalan ana
sing bisa menehi kabar menyang omah. Sawise Ki Guntur Geni tekan Kertanegara,
dheweke langsung ngadhep adipati arep ngomongake titipan saka Syeh Maulana
Pandansari sing dadi wong tuwa angkate. Kekarepane Ki Guntur Geni ditrima
kanthi apik. Menawa Ki Guntur Geni oleh kasil, tetep arep dijodhokake karo anak
wadone lan diangkat dadi Adipati Kertanegara. Sawise Ki Guntur Geni entuk restu
saka adipati, dheweke langsung metu saka umah arep nututi Kebo Edan (jenenge
Kebo Danu). Sawise Kebo Danu weruh Ki Guntur Geni, Kebo Danu banjur mlayu
banter ngadohi Ki Guntur Geni. Ora kaya biasane, yen ana wong sing arep nyekel,
Kebo Danu malah mbalik nututi wong sing arep nyekel banjur biasane nyrudug
nganggo sungune sing lancip. Wis akeh wong sing dadi tumbale, nanging ora
nganti mati. Ki Guntur Geni terus nututi Kebo Edan, sepisanan Kebo Edan arep
nglawan. Nanging yen sing nututi wis cedhak, Kebo Edan mlayu maneh karo ngrusak
sekabehane sing ana ing ngarepe. Sasuwene padha playon, akhire Kebo Edan bisa
dicekel dening Ki Guntur Geni. Kebo Edan wis kecekel, saiki wis ana ing dhuwur pudhake
Ki Guntur Geni. Kebo Edan tetep arep ngeculake cekelane Ki Guntur Geni, nanging
sawise Ki Guntur Geni bisa nyekel sungune kuat banget banjur diputer
sekuwat-kuwate nganti gulu lan sungune pedhot. Bareng krasa lara, kebo kuwi
mbukak cangkeme amba-amba banjur Ki Guntur Geni nglebokake lemah. Anehe sawise
kuwi, Kebo Edan dadi manut banget. Sapa bae sing nyedhaki, kebo kuwi mung
ndingkluk kaya krasa isin. Kebo Danu nembe bali ing omahe Adipati Kertanegara
mung digiring karo mlaku. Bareng tekan omahe adipati, Ki Guntur Geni menehake
kebo kuwi banjur njaluk pamit bali karo nggawa sungune kebo sing tugel kanggo
bukti marang bapake yaiku Syeh Maulana Pandansari ing Desa Karanggedhe. Sungune
Kebo Danu akhire dikubur neng lemah kuburan Karanggedhe, nganti saiki isih ana
tipake. Kaya janjine adipati, banjur Ki Guntur Geni dijodhohake karo anak
wadone. Adicara ningkahan Ki Guntur Geni karo anake Adipati Kertanegara rame
banget. Ing pungkasane adicara kuwi dianakake upacara penobatan Ki Guntur Geni
dadi Adipati Kertanegara nggantekake pangkate Adipati Kertanegara. Ki Guntur
Geni dadi Adipati Kertanegara dudu karepe dhewe. Nanging Ki Guntur Geni krasa
yen wong-wong Kertanegara ora ngarepake dheweke dadi adipati neng Kertanegara.
Awan-awan Adipati Ki Guntur Geni dicegat grombolan wong sing duwe karep ora
apik, arep nggawe cilakane Ki Guntur Geni. Sawise bali, Ki Guntur Geni ngundang
abdine supaya njaga dheweke. Miturut abdine, ana sing ngomong yen ana wong sing
ngrasa iri karo kasenengane Ki Guntur Geni sing duwe bojo anake adipati banjur
dadi adipati. Ora ngira yen grombolan mau arep ngancem adipati. Wengi kuwi
kahanane sepi banget, Ki Guntur Geni lagi lali-laline turu. Ki Guntur Geni
diculik dening grombolan wong sing nganggo klambi ireng-ireng lan raine ditutup
nganggo topeng. Ki Guntur Geni digawa neng tengah lapangan, banjur dikroyok
rame-rame nganti mati. Mayite ditinggal lunga, ora ana sing ngurusi. Esuke saka
grombolan wong sing mateni mau ana sing diprentah nonton mayite Ki Guntur Geni.
Nanging wong mau gumun, amarga mayite Ki Guntur Geni wis ora ana ing kono.
Salah sijine grombolan mau ana sing diprentah lunga neng omahe adipati, ora
nganti mlebu neng omahe adipati, banjur bali lan ngomong karo balane. Grombolan
mau ora ana sing percaya karo laporane, amarga dheweke ngomong yen weruh
Adipati Ki Guntur Geni lagi lungguh sarapan karo bojone. Grombolan wong-wong
kuwi tambah gela, amarga Ki Guntur Geni bisa urip meneh. Grombolan kuwi duwe
rencana arep nyulik Ki Guntur Geni, nanging kepriye carane supaya Ki Guntur Geni
mati tenan. Penculikan sing kaping loro ora kasil, amarga gelut neng jero omah.
Ki Guntur Geni mung dhewekan, yen grombolane ana puluhan wong. Dadi sia-sia. Ki
Guntur Geni digawa neng plataran Kali Tambra. Padha karo penculikan sing
kapisan, Ki Guntur Geni dikroyok rame-rame nganti mati. Banjur mayite Ki Guntur
Geni awake ditugel-tugel dadi loro lan mayite dikubur pisah-pisah. Sirah
dikuburake neng sisih kulon Kali Tambra, lan awak nganti sikil dikuburake neng
sisih wetan. Nganti saiki kuburane isih ana lan kerep ditekani wong kanggo
tapa. Bali neng crita Syeh Maulana Pandansari neng padhepokane, dheweke dadi
sregep ngadhep marang Gusti Kang Maha Agung. Wektu kuwi Syeh Maulana Pandansari
lungguh karo tapa. Ing tengah-tengah tapane, Syeh Maulana Pandansari nugel
godhong sing ana rine nganggo tangane, banjur godhong sing ana rine mau
ditancepake neng lemah. Sawise ditancepake, Syeh Maulana Pandansari nglanjutake
semedine banjur dheweke ngilang. Papan ngilange Syeh Maulana Pandansari nganthi
saiki dikenal dadi kuburan Mbah Adeg Widuri. Amarga Syeh Maulana Pandansari
ngilang sawise ngedekake wit sing ana rine. Sawise Mbah Adeg Widuri mati, desa
dadi tabah rame. Wektu kekuwasaane wong Landa, ing Desa Karanggedhe utawa Desa
Karangwringin dianakake ukur lemah dening wong Landa, ora dinyana wong Landa
weruh ana kuburan sing apik. Banjur wong sing ngukur lemah kuwi takon, “Kuburan
apa iki?” Wong-wong sing melu ngukur lemah padha mangsuli, “Kuburan
baleraksa”.“Jenenge apik temen,” omongane wong sing ngukur lemah saka Landa.
Kuburan baleraksa yaiku papan ngilange Syeh Maulana Pandansari utawa Mbah Adeg
Widuri. Banjur, wong-wong saka Desa Karanggedhe lan Karangwringin njaluk supaya
desane didadekake siji. Wong-wong saka desa padha sepakat yen Desa Karanggedhe
lan Karangwringin didadekake siji yaiku Desa Baleraksa.
http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/02/cerita-mbah-adeg-widuri.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar